SMP Negeri I Mungkid sudah menerapkan kurikulum 13 untuk semua mata pelajaran termasuk mata pelajaran Bahasa Jawa. Salah satu kompetensi dasar kelas 9 semester 2 ada KD 4.2 Menulis dan membaca geguritan.
Beberapa hasil geguritan peserta didik sebagai berikut.
Cilikanku
Dening: Sherli Maharani Puspita S
Nalika sikil iki durung mantep tumapak ing bumi
Alon-alon jumangkah kanthi thimik-thimik
Eseme ibu sumringah sinambi nggandheng lakuku
Keprungu keplok –keplok lan gumuyunig kakangku
Kanthi waspada bapak siyaga
Nalika raga ora kuwat nyangga
Dina-dina kang endah
Kebak pepenginan tanpa angon wektu
“ pokoke dolanan” panjalakku
Sangang taun kapungkur
Isih daksimpen ing memori
Alun-alun Ngayogyakarta dadi seksi
Gelembung sabun kasil ana ing tangan
Saben minggu tukang becak ngeterake aku
Nyawang edahing Malioboro
Sinambi ngombe es nira
Album iki nggawa seksi
saiki gumuyuning kulawargaku arang keprungu
Wektu terus lumaku
Akehing gaweyan njalari kahanan dadi kaku.
Sekolahanku
Dening : Cahya Ningsih
Telung taun ing sekolah iki
Akeh pengalaman kang wis dakregem
Telung taun ing sekolah iki
Sekolah kang ngladhi
Kedhisiplinan
Kesabaran
Ketlatenan
Keyakinan
Kabeh madhangi donyaku
Murih luwih becik
Guruku
Dening Aulia Riyanti
Guru
Panjenengan kang dadi pepujanku
Paring ilmu ora nyawang wektu
Guru
Pituturmu tansah dakeling
Paring ilmu ora bakal daklalekake
Guru
Sabarmu tansah daktiru
Kesele ragamu ndadekna aku sregep sinau
Guru
Digugu lan ditiru
Ora ditinggal turu apa maneh digeguyu
Guruku
Digugu pituture lan ditiru tindak tanduke
Nanging kasunyatane
Guruku
Ora ana piwales sing bis nandhingi
Aku mung bisa matur agunging panuwun
Wujud ikhlasing ati